budaya

BAGONG NGRASANI ELEK

Wancine wus ngancik Goro-goro…

Goro-goro jaman kalabendu… pinemu bener di anggep kleru, pranatan bingung malah kudu di gugu.

Goro-goro jaman Pagebluk… Rakyat ora entuk padha nglumpuk, ora iso nyambut gawe wekasane utange nglumpuk.

Goro-goro jaman Congornya… Akeh sing padha nyalahke sini dan sana. Kabeh padha rebut bener sakkarepe, golek urip dhewe-dhewe.

Sakbegja-begjane wong kang lali, isih begja kang eling lan waspada. Sireping Goro-goro jumedhuling Ki Lurah Petruk lan Bagong.

Petruk    :    Gong…

Bagong  :    Nunnn..??

Petruk    :    PPKM Darurat sudah berlalu… muga-muga pageblug iki enggal sirna saka Nuswantara.

Bagong  :    Hiya Truk… semoga aja. Tapi akeh peristiwa lucu sakjroning PPKM wingi Truk.. Aku arep ngguyu kok sungkan karo kowe..

Petruk    :    Lho, sing lucu bab apa? kahanan lagi prehatin jroning PPKM kok lucu, piye to Gong?

Bagong :    Coba gagasen, PPKM wingi akeh dalan-dalan sing dha di tutup, mobil ora iso lewat, sing iso lewat mung pejalan kaki. Terus yen bengi lampu-lampu pinggir dalan di padamkan PLN. Kuwi lucu lhooo…

Petruk    :    Sing lucu nggon ngendi?

Bagong  :    Jroning PPKM dalan-dalan di tutup kuwi apa dikira Corona tekane numpak mobil? Ben ora iso lewat? Kok dalane ditutup?? Ya oraaa??  Corona tekane ora nggo mobil je… kok dalane malah ditutup!! Lha iki…  aku ngarani padha bingung ndara-ndara sing lenggah neng nduwur olehe nggawe peraturan. Luwih-luwih yen bengi lampu-lampu pinggir dalan di pateni.. wuahh kuwi ya salah.

Petruk    :    Salahe mapan neng ngendi?

Bagong :    Gandheng ngertine Corona tekane numpak mobil, mula lampu pinggir dalan dipateni, karepe lak Corona ben nabrak wit-witan utawa cagak listrik merga peteng. Trus Corona mati. Itu kan pehaman yang salah Truk….!!

Petruk    :    kwkwkwkwk… Bajindull… ora ngunu Gong, kowe salah tafsir.

Bagong :   mosok?

Petruk    :    Muga-muga PPKM iki ora berlanjut kedepannya. Kabeh ben iso entuk solusi, padha iso nyambut gawe. Kendhile ben ora nggoling.

Bagong  :    Betul Truk.. Corona pokoke END GAME. Ayo nembang wae nggo nyenengne ati, ben nambah imun.

Petruk    :    Lagune apa?

Bagong  :    Kanggo ngelingke ndara-ndara sing lenggah neng nduwur; lagune “Kuwi Apa Kuwi” karya mBah Cokro Warsito – Ngayogjakarta.

“Kuwi apa kuwi, E kembang Melathi.

Sing tak puja-puji, aja dha korupsi.

Merga yen korupsi, negarane rugi.

Piye to mas piye?

Aja ngona, ngono-ngono kuwi”

Rembang, 25 Juli 2021

1 comment on “BAGONG NGRASANI ELEK

  1. Nderek latihan nulis, lepat nyuwun pangapunten.

    Suka

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: