
Rumekso ingsun laku nisto ngaya wara
kelawan mekak hawa
hawa kang dur angkara
senajan setan gentayangan
tansah gawe rubeda
hingga pupusing jaman
hameteg insun nyirep geni wiso murka
meper hardaning panca
saben ulesing netra
linambaran sih kawelasan
ingkang paring kamulyan
Sang Hyang jati pengeran
jiwanggo kalbu samodra pepuntoning laku
tumuju dateng Gusti dzat kanga amurba dumadi
manunggaling kawulo Gusti krenteg ati bakal dumadi
mukti ingsun tanpa piranti
Sumebyar ing suksma madu sarining perwita
maneka warna prada mbangun praja sampurna
sengkala tida muksa kalabendu nyata sirna
tyasing rasa mardika
mugiya den sedya
pusaka kalimasada yekti dadi mustika sakjroning jiwa raga
beja mulyo waskita
digdaya bowo leksana
byar manjing sigra sigra
apuh sepuh wutuh tan kena iso paneluh
gagah bungah sumringah ndadar ing wayah wayah
satriya tata sembada wiratama katon sewu kartika, ketaman wahyu koloseba
0 comments on “KIDUNG KALASEBA”