Wayang wewayangan, anglayang ing tawang. Sun anggurit mrih datan kerem lan kemambang.
Kemambang kombak kombul ing kahanan.
Kahanan donya mung sakkedheping netra bisa owah gingsir nut irama.
Irama gendhing bisa njogetke rasa
Rasa caket klawan Gusti Kang Maha Asyik lan Maha mBanyol.
Rembang, 3 Februari 2021
0 comments on “WEWAYANGAN”